TAKON MENG TABIB

November 10, 2015

Wong lanang Swedia kenang prenyakit kotor, sing marekna barange bosok.
Dheweke wis maring Kanada, Amerika lan Swiss, kabeh dokter-doktere ngomong kon de-tugel bae.

Merga wedi kelangan ‘jimate’, dheweke njajal maring tabib ampuh neng Tiongkok.
Sewise krungu pasien Swedia mau ngresula, si tabib banjutan ngomong kambi madan mrengut…

TABIB : “Pancen dhasar wong bule, apa-apa asal main tugel, main gombrang bae..!”.

Kambi semringah, si Swedia takon,
“Brarti mawen de-tugel ya..???”.

TABIB : “Ya orahan…! Lha wong gari de-jorna bae, mengko seminggu maning toli pothol dhewek..!”.

GEDHUBRAAAGG….!!!

Si Swedia sekal semaput, prenyakit jantunge kumat…

Hé…hé…hé…

Advertisement