SALAH NYETAK UNDANGAN

October 28, 2015

Sedina seurunge pengantenan, Wakem nangis bae ora uwis-uwis.
Cetha bae, prekara kuwe ndadekna keluargane dadi padha kewatir lan uga bingung.

Merga kepengin ngerti apa sing ndadekna si Wakem dadi nangis bae, mula Biyunge njutan takon, “Jane kenangapa, deneng Ko nangis bae Sih…?. Kudune toli malah bungah, jalaran ngesuk Ko bakalan dadi penganten kambi wong lanang sing detresnani…!”.

Wakem : “Owalah Yuuung… Inyong ora kuat, blakan bae inyong pasrah ora kuaaat…!”.

BIYUNG (sengsaya bingung) : “Lho, ora kuat kepriwe mangsude…?”.

Wakem (kambi ngulungna kertas undhangan) : “Kiye lho Yung, jajal ngonoh dewaca tulisan neng undhangane…!”.

GEDHUBRAAAGG….!!!

Si Biyung sekal njimprak kaget kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang, sewise nampa lan maca tulisan neng kertas undhangane.

Jalaran neng kertas undhangan sing wis kesebar, ketulis :

‘TURUT MENUNGGANG’ :

Pak Camat & jajarannya
Pak Lurah & jajarannya
Pak RW & jajarannya
Pak RT & jajarannya

He… he… he…

Advertisement