December 4, 2015
Sedulur, sing jenenge entut cempulek meh padha kambi judhul lagu basa Inggris.
Prekara kuwe tau detakokna neng Saino meng guru basa Inggrise…
Follow IG Kami https://www.instagram.com/lokerpurwokertoid/
SAINO : “Pak Guru, kula ajeng taken, nanging niki perkawis radi nyalawadi…”.
GURU : “Ya ora papa No… Ari inyong teyeng njawab ya tek jawab. Agepan takon apa si Ko…?”.
SAINO : “Menawi basa Inggrisipun ‘entut’ ingkang radi sopan si napa Pak..?”.
GURU : “Wind Of Change”.
SAINO : “Menawi ngentutipun mungel..?”.
GURU : “Sound Of Silence”.
SAINO : “Lha menawi ngentut ngantos medal empasipun sekedhik…?”.
GURU : “Dust In The Wind”.
SAINO : “Menawi ngentut nanging mboten nguja..?”.
GURU : “Careless Whisper”.
SAINO : “Lha menawi ngentut radi dipun tahan…?”.
GURU : “Please Release Me”.
SAINO : “Niki ingkang pungkasan Pak… Lha menawi ngentut mambetipun baseng sanget..?”.
GURU : “Killing Me Softly…!”.
SAINO : “Maturnuwun Pak…!”.
Hé…hé…hé…
grin emotikon