PLAJARAN SEX KANGGO BOCAH : “NJAWAB SEPERLUNE BAE”

October 30, 2015

Omong-omongane bocah umur 5 taun kambi ramane…

BOCAH : “Ramane…. Inyong si asale sekang ngendi…?”.

RAMA : “Ooo… kuwe. Ko kuwe degawe sekang sari patine lemah sing dedadekna banyu mani sing kesimpen neng senjerone papan sing kuat.
Njutan dedadekna getih njendhel sing nggantung neng njero rahim.
Getih njendhel kuwe mau dening Gusti Pangeran njutan dedadekna daging setengkel banjutan degubed balung, njutan deleboni Roh…!
Anu ana apa si… Deneng takone koh kayakuwe…?”.

BOCAH : “Ora… Prekarane, batire Inyong miki ngomong jere dheweke asale sekang Tegal…!”.

GEDHUBRAAAGG…!!!

Krungu tembunge si Bocah, Ramane sekal nggeblag, tiba kejengkang kosi ngathang-ngathang…

He…he…he…

Advertisement