November 11, 2015
Nalika agi neng toko obat, kang Mesrun ketemu kambi kaki-kaki.
Follow IG Kami https://www.instagram.com/lokerpurwokertoid/
Mesrun : “Agepan tuku apa, Ki…?. Sapa sing mriyang si…?”.
KAKI-KAKI : “Ora nana sing mriyang, kur agepan tuku VIAGRA thok, koh…!”.
Mesrun : “Owalaaah…. Nggo sapa si, Ki…?”.
KAKI-KAKI : “Nggo sapa maning, ya nggo Inyong dhewek lahhh…!”.
Mesrun : “Lhooo… Apa enggane Ninine tegin gelem mayan, Ki…?”.
KAKI-KAKI : “Ninine ya wis ora gelem-gelema lahhh…!”.
Mesrun : “Hmmm… Ari ayakuwe, brarti Kakine sokan njajan neng njaba yaaa…?. Ngaku bae, Ki…!”.
KAKI-KAKI : “Hussst… Aja semblothongan… Mbosanu ari ngomong aja sokan janji kenyoh thok, lhaaa…!”.
Mesrun : “Lha njutan nggo ngapa Kakine ndadakan nginumi VIAGRA mbarangan…?”.
Detakoni kayakuwe, si Kaki-kaki ora gegen njawab. Sewise lingak-linguk kiwe tengen lan rumangsa aman, Kaki-kaki kuwe njutan ngomong, “Ayakiye… Inyong gunane nginumi VIAGRA, kon sangkane ari dhong nguyuh ora kosi nguyuhi sandhal…!”.
GEDHUBRAAAGGG…!!!
Kang Mesrun sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang…
Hé…hé…hé…