NLETHEK KADHEMEN

November 9, 2015

Decritakna ana tuma loro sing kekancan kraket, ningen lawas pisah ora ketemu. Jalaran Tuma Cilik neng Surabaya, njutan Tuma Gedhe neng Bandung.
Awan kuwe, Tuma sekeloron kelakon ketemu neng Jakarta.

TUMA GEDHE : “Ko butul ngeneh nunggang apa…?”.

TUMA CILIK (kambi nlethek merga kadhemen) : “Ya nunggang montor mabur yaaa… Inyong anu nggemblok neng kumise pilot, kebeneran AC neng kokpit gole nyetel depolna, kosi inyong nlethek kadhemen…!”.

TUMA GEDHE : “Owalaaa… Maning-maning, aja milih ngusel neng kumis. Ningen milih mlebu meng rok-e Pramugari bae. Mlipir mrambat munggah, mengko toli nemu panggonan sing anget…!”.

Limang dina sebubare kuwe, Tuma sekeloron banjutan ketemu maning.
Ningen si Tuma Cilik delepe tegin nlethek kadhemen mayan, persis nalika pas pisanan ketemu…

Weruh kayakuwe, Tuma Gedhe njutan aruh-aruh.
TUMA GEDHE : “Kosi nlethek kadhemen kayakuwe, kayane Ko tah ora manut kambi prentahe Inyong nalika ketemu limang dina kepungkur..!”.

TUMA CILIK : “inyong jane ya wis ngetutna welinge Mpean. Wis mlebu rok, njutan mlipir mrambat munggah kosi nemu panggonan sing anget. Malah saking angete, inyong kosi keturon…!”.

TUMA GEDHE (kambi bingung) : “Ningen kenangapa deneng Ko siki koh katon nlethek kadhemen kayakuwe…?”.

TUMA CILIK : “Lha ya kuwe… Inyong dhewek be ya bingung… Mbuh maune kepriwe kedadiane, ngerti-ngerti Inyong koh wis ngesruk neng kumise pilot maning…!”.

TUMA GEDHE : ????

Hé…hé…hé…

Advertisement