INTERNETE LELED PISAN

October 30, 2015

Wis olih ana seminggu, internete leled pisan. Kang Mesrun dadi medhegel, jalaran dheweke dadi ora teyeng pesbukan, yutuban, twiteran, lan ndeleng info nang LokerPurwokerto.Com kosi bojone sing aran Amira njutan deprentah kon nilpun operator…

Amira : “Haloo, halooo… Kiye bener operator mbokan…?” .

OPERATOR : “Benar Bu, ada yang bisa saya bantu…?”.

Amira : “Wis ana seminggu kiye deneng internete koh dadi leled pisan, ya…?”.

OPERATOR : “Mohon maaf Ibu, kami sedang maintenance…”.

Amira : “Njutan kapan rampunge, kuwe…?. Mpean ngerti apa ora…?. Kae lakine inyong ana seminggu kiye gunane muring-muring bae toli…!”.

OPERATOR : “Nanti jika sudah selesai maintenance kami kasih tau, Bu…!”.

Amira : “Oya wis, ari ayakuwe. Ningen welinge inyong, poma-dipoma aja kesuwen lho ya…!”.

KREKKK…
(Gagang tilpun njutan detutup)

Mesrun : “Kepriwe Mir, kenangapa jere…?”.

Amira : “Bener bae dadi leled, Kang… Lha wong ora nana sing ngurusi…!”.

Mesrun : “Deneng si…?”.

Amira ; “Lha wong ngkanane agi mbaranggawe si Kang…!”.

Mesrun (kambi bingung) : “Mengko dhisit, mangsude kepriwe si…?. Lha operatore si miki ngomong apa…?”.

Amira : “Ayakiye, Kang… Miki operatore ngomong, jere agi mantenan… Dheweke uga ngomong, mengko ari mantenane wis rampung, inyong agepan deomongi maning, Kang…!”.

GEDHUBRAAAGG…!!!

Kang Mesrun sekal njimprak kaget kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang…

He… he… he…

Advertisement