JEMPOLE ABUH

October 28, 2015

Kang Mesrun meng Warung Sate njutan pesen tongseng kambi inumane jeruk anget. Sing ngeterna pesenan bocah enom, jenenge Belong. Kang Mesrun weruh, bocah sing ngeterna pesenan koh jempole decrubna meng gelase.
Agepan deomehi ningen melas, kejaba kuwe wis kadhung ngonggor pisan, dadi tetep deinum bae neng Kang Mesrun, glenggem… glenggem…

Ora let suwe, bocah nom kuwe gari ngeterna tongseng pesenane. Kaya mau, jempole si bocah nom decrubna meng mangkok tongseng… Rumangsa wis ora kuwat nahan rasa medhegele, Kang Mesrun njutan takon…

Mesrun : “Geh… Jane agi ana apa, deneng kuwe jempole Ko sing ala mboa kaya laos, ndadak decrubaken meng jeruk anget kambi tongseng pesenane Inyong…?”.

BELONG : “Telakha jempole Inyong abuh anu bubar kejempit lawang koh Kang… Ngendikane pak Mantri, jere kon decrubaken meng sing anget-anget kon sangkane gelis mari…!”.

Mesrun (mendelik kambi nggembor merga saking gempunge) : “Appaaa…???!!!. Kur gari delebokna meng silitmu dhewek toli anget, mbokaaan…???”.

BELONG (semaur kaya wong ora duwe dosa) : “Ya uwis, Pak… Mau pas agi ngenteni masakan tongsenge mateng, jane ya wis tek lebokna meng silite Inyong dhewek…!”.

GEDHUBRAAAGG…!!!

Krungu tembunge si Belong, Kang Mesrun njimprak kaget, tiba kejengkang kosi ngathang-ngathang. Njutan kejet-kejet merga prenyakit sawan celenge kumat…

He…he…he…

Advertisement