SALES COCA-COLA

October 29, 2015

Menejer Sales Coca-Cola tembeke bae bali meng negarane jalaran gole masarna neng Arab babar pisan ora nggawa kasil. Mula dheweke njutan ngadhep meng Boss-e kanggo nyritakaken jalaran apa sing marekna dadi ora kasil.

BOSS : “Mpean kuwe duwe prestasi sing maen temenan neng negara-negara liyane, ningen kenangapa teyeng ora kasil nalika neng Arab, sing cetha-cetha negarane panas lan kudune malah akeh wong sing mbutuhna inumane dhewek..?”.

SALES : “Lha ya kuwe… Inyong maune ya mikir kayakuwe Boss. Lamona padolan Coca-Cola neng Arab mesthi bakale laris pisan merga hawane sing panas..!”.

BOSS : “Siki jajal critakna meng inyong, kedadian sing sebenere jane si kepriwe…?”.

SALES : “Ayakiye Boss… Inyong wis gawe iklan sing wujude poster, sing wis tek pasang neng saben nggon, sing bakale dedeleng wong akeh neng Arab. Lha isine poster kuwe, ana telung gambar. Iring kiwe gambar wong agi kengonggoren, ngglethak lemes neng padhang pasir. Gambar iring tengah wong kuwe agi nginum Coca-Cola. Bosa gambar sing iring tengen, wong kuwe katon seger, bregas lan teyeng mlayu neng tengah padhang pasir…!”.

BOSS : “Jaaan, penemune mpean jane ya maen pisan kuwe. Pendheken iklan sing ngedab-edabi temenan. Ningen koh kenangapa deneng ora teyeng gawe Coca-Cola neng Arab laris padolane ya…?”.

SALES : “Sing dadi jalaran Boss… Prekarane ora nana sing aweh ngerti kambi inyong lamona neng Arab kuwe gole maca sekang tengen meng kiwe…!”.

GEDHUBRAAAGG…!!!

Boss-e sekal njimprak merga kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang…

He… he… he…

Advertisement