DEIJOLNA

October 30, 2015

Mesrun : “Wulan ngésuk brarti Ko genep SÉKET ya Am…?”.

Amira (kambi mésem bungah) : “Iya Kang… Ora tau-tauné nakokna, agepan ngapa si Kang…?. Agepan nukokna klambi nggo inyong apa…?”.

Mesrun : “Ora ayakuwé… Agepan tek ijolna LAWEAN loro koh…!”.

Krungu tembungé sing lanang, Amira sing wektu kuwé agi marud klapa agepan nggo gawé srundéng, sekal mecicil njutan semaur, “Ya gari koh… Ari pancén kepéngin tek parud lambéné…!”.

Weruh bojoné montong-montong, kang Mesrun mung gemuyu nggegrek…

Hé… hé… hé…

Advertisement