MESRUN DETILANG PULISI

October 30, 2015

Rikala Mesrun agi nunggang montore, ijig-ijig de-endheg neng Pulisi.
Ora mawi takon surat-surate dhisit, gegen bae pulisine ngetokna surat tilang lan pulpene.

Kambi nulis surat tilang…

PULISI : “Mpean kepeksane tek tilang Kang. Jalaran montore Honda, heleme Yamaha njutan jakete Suzuki. Jan ora karu-karuan, mbingungna pisan…!”.

Mesrun : “Mpean be ora karu-karuan lan mbingungna pisan koh Pak… Lha wong cetha-cetha mpean kuwe pegaweane dadi Pulisi, ningen kenangapa deneng pulpene Pilot…?”.

GEDHUBRAAAGG…!!!

Krungu tembunge si Mesrun sing kayakuwe, Pulisine sekal njimprak kaget, kosi tiba kejengkang ngathang-ngathang…

He…he…he…

Advertisement