AWEH KABAR LELAYU

October 30, 2015

Si Kapten ngundang si Sersan kon mlebu meng ruangane. “Sersan, inyong tembeke bae olih kabar lamona Biyunge prajurit Karmin ninggal dina wingi. Tulung dheweke dekabari njutan kon ngadhep inyong ya…?”.

Si Sersan njutan ngundang pasukane, banjutan bae padha baris..
“Rungokna, Prajurit kabeh”, tembunge si Sersan, “Jupri, gegen lapur meng ruangan administrasi kanggo nandatangani surat-surat. Sing liyane, padha gegen lapur meng bagian pemeliharaan. Oh iya, kanggo prajurit Karmin, Biyungmu ninggal. Siki gegen lapur nganah meng Komandan…!”.

Ora let suwe, si Kapten ngundang si Sersan meng kantore. “Geh, Sersan… Carane Ko gole aweh kabar lelayu meng prajurit Karmin kuwe kurang trep, kurang pas… Liya wektu mandan nganggo strategi semendhing si ngapa…?”.

“Enggih, Pak…!”, semaure si Sersan.

Pirang wulan sebubare kuwe, si Kapten ngundang si Sersan maning. “Sersan, inyong tembeke bae olih kabar lamona biyunge Wartam ninggal. Tulung dheweke dekabari njutan kon lapur meng inyong ya… Sing siki kiye nganggo strategi lho ya… Aja thok melong blakasuta kaya agi dhong kae. Emut, aja kosi kelalen…!”.

Si Sersan njutan ngundang pasukane…
Neng ngarep pasukane sing wis baris kuwe, dheweke njutan ngomong, “Prajurit kabeh siki rungokna..!. Kanggo kabeh sing duwe Biyung, maju meng ngarep rong jangkah! Kejaba Ko, Wartam…!”.

He… he… he…

Advertisement