20 KEWAN SING PALING ‘NYALAWADI’ PERSI ‘LOKERPURWOKERTO SEPOT’

November 5, 2015

1. Kewan sing mempeng pisan gole sinau, yakuwe KUTU BUKU.
2. Kewan sing sokan desalahna nalika ana prekara sing ruwet, yakuwe KAMBING HITAM.
3. Kewan sing gunane melu kuliyah, yakuwe AYAM KAMPUS.
4. Kewan sing pinter gelut lan duwe ilmu kanuragan, yakuwe KURA-KURA NINJA.
5. Kewan sing sokan kringeten, yakuwe CACING KEPANASAN.
6. Kewan sing dewadhehi wong-wong wadon, yakuwe BUAYA DARAT.
7. Kewan sing paling dewedeni kaum usaha sing pawitane cekak, yakuwe LINTAH DARAT.
8. Kewan sing sokan klayaban rikala wengi, yakuwe KUPU-KUPU MALAM.
9. Kewan sing dadi korbane pemeresan, yakuwe SAPI PERAH.
10. Kewan sing pegaweane dadi maling ningen rombongan, yakuwe KUCING GARONG.
11. Kewan sing pinter pisan kon mlumpat, yakuwe KUTU LONCAT.
12. Kewan sing pinter pakhal nggolet dhuwit dhewek yakuwe BABI NGEPET.
13. Kewan sing taat maring praturan lalu lintas yakuwe ZEBRA CROSS.
14. Kewan sing brecuh lan saru, yakuwe KEONG RACUN.
15. Kewan sing dhemen pisan mangan beling, yakuwe KUDA LUMPING.
16. Kewan sing gunane mung dejajali thok, yakuwe KELINCI PERCOBAAN.
17. Kewan sing dhokoh pisan mangan lalaban godhong nom, yakuwe BANDOT TUA.
18. Kewan sing salah gole nganggo klambi, yakuwe MUSANG BERBULU DOMBA.
19. Kewan sing pegaweane mulang neng sekolahan, yakuwe KANG-GURU.
20. Kewan sing ora gableg apa-apa, teyenge mung nyilih thok yakuwe CUMI-CUMI.

Ari sedulur agepan padha nambahi maning Kewan Sing Nyalawadi ya olih…
Gari ngirim bae sms meng redaksi LOKERPURWOKERTO SEPOT, tivi PRAKETA

Hé…hé…hé…

Advertisement